Geguritan yaiku puisi
jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah
larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake,
maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake
purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih
kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.
Geguritan iku iketaning basa kang
awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan
asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan
saka tembung gerita. Tembung gerita linggan Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan
Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran
puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar
dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan, kaya
ing ngisor iki:
Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
Syair telung gatra sapada = gita
trigatra
Syair patang gatra sapada = gita catur
gatra
Syair limang gatra sapada = gita panca
gatra
Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
Syair pitung gatra sapada = gita sapta
gatra
Syair wolung gatra sapada = gita hastha
gatra
Syair sangang gatra sapada = gita nawa
gatra
Syair dhapur sonata
Syair bebas
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan
iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan
tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.
a. Geguritan
gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:
· Cacahing
gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
· Cacahing
wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
· Dhong-dhinging
swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair
ing Kasusastram Indinesia.
· Lumrahe
dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun
anggurit.
· Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane
bab tatakrama
Tuladha Geguritan Gagrag Lawas
Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa
b. Geguritan gagrag anyar
Dene geguritan gagrag anyar utawa
geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan
gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane
geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas
ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi
bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag
anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag
anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula
yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren
nduweni titikan:
a. Basane
kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b. Tetembungane
pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c. Sajak
pungkasan mardika/bebas
d. Isine
mentes.
e. Ana
kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .
Paugerane
geguritan:
1. Ora kaiket
wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih
ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo
nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur,
piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Langkah
Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1. Wacanen
geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna
hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane
punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna
teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa
tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga
lambang utawa gegambaran.
4. Perlu
digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin
disampekake marang pamaca.
5. Tambahana
tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Sawijining
geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana,
nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.
Rangkuman
Geguritan:
1. Nada
Nada ing
geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca.
Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa,
benci, bungah, lan sapanunggalane.
2. Suasana
Suasana batin
pamaca, akibat sawise maca geguritan.
3. Irama
Irama uga
diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab
kang sarwa teratur
4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung
uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi
mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana
kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar
utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.
5. Tembung entar
Mujudake
tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.
6. Pralambang
Pralambang iku
kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang
warna warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepethan, solah bawa barang
utawa basa.
7. Purwakhanti
Tembung
"purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca,
gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang
dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung
mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.
Purwakanthi
kena digolongake dadi telu,yaiku:
a. Purwakanthi guru swara
Diarani
purwakanthi guru swara, jalaran ing kono tinemu rujukan swara utawa runtuting
swara siji lan sijine. Purwakanthi guru swara akeh kanggone, kayata ana ing
paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan, parikan, geguritan, lan
rumpakan liyane.
b. Purwakanthi Guru sastra
Manawa
purwakanthi guru sastra ing kono sing rujuk sastrane utawa tulisane.
c. Purwakanthi Lumaksita
Tembung
"lumaksita" tegese lumaku. ing kene tembung tembung, utawa ukara ing
mburi runtut karo tembung tembung ngarepe. Runtuting tembung ora mesthi
satembung wutuh, kadhang kala mung saperangan utawa sawanda bae. Mula ukara
ukarane uga katon runtut lan sambung sinambung, kepenak dirungokake.
0 Comments:
Posting Komentar